Senin, 31 Januari 2011

Upacara Tradisional

ADAT TRADISI JAWA

Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini sepuh.
Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.
Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe, murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.
BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA LAN SOLO
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene gambaripun Upacara makaten:
No Gagrak Yogya Gagrak Solo Keterangan
1 Nontoni Nontoni Woten, sampun boten mlapah
2 Lamaran Lamaran Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3 Asok tukon Asok tukon Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4 Srah-srahan, Nyantri Srah-srahan Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5 Tarub Tarub Woten, sipatipun mana suka, awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5 Siraman Siraman Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan, mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6 Midodareni Midodareni Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7 Ijab Ijab Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari
Panggih Panggih Woten, sipatipun Resmi atat Jawi padatan tata upacaraipun benten-benten
8 Resepsi Resepsi Woten, Siapatipun resmi, mana suka
Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
1. Tata Adat upacara Siraman
2. Tata adat upacara Panggih
3. Tata adat Rias penganten
4. Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
1. Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
2. Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
3. Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
4. Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing ngakathah murih gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun nglamar. Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng , tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun
1. Nontoni;
2. Lamaran
3. Asok Tukon
4. Srah-stahan
5. Pasang Tarub
6. Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi, mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing adicara nontoni rantamanipun:
1. Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
2. Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
3. lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
4. salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
5. panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
6. Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan : BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun :
1. Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
2. BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan. Mila pangajabipun murih saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken para sutresna budaya badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
1. Atur pambuka saking kulawarga
2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
3. Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan, werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
4. Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
5. panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran. Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
1. Sanggan.
2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
5. Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa murih papan wau saged cekap(amot) lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani “saat”. Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
1. Pisang Raja Ayu
2. Kelapa ganding
3. Tebu wulung
4. Pari lan cantle
5. ron-ronan ; keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika tratak umumipun dipun gantos tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi. Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘jan’ saking tembung “jane” dene ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari lan cantel, ron kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4. “Pari wulu” kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7. Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta derajat dsb
8. Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub
BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
1. NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
1. LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
1. A. Upacara sangajenging tarub
2. Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
3. Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri 3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
4. Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X. Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
5. Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B. Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong Dene Urutaning lampah upacara :
1) Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2) Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3) Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
1. Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
2. Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli tali lawe
3. Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
4. sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
5. tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
1. Kagem tampa kaya; inggih punika:
v arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
v biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras, jagung lan sanesipun.
v empon-empon: dlingo bengle
v sekar sritaman,
v Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
v Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun agem:
1. Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
2. “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
3. “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun iaturaken rikala Minggu kapengker, upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
1. Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
2. Sanggan
3. Kembar Mayang sepasang
4. Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
5. Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
1. Cucuk lampah,
2. Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
3. Kembar Mayang sepasang
4. Maten putri lan 2; pengaring Putri
5. Tiyang Sepuh.
6. Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
1. Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
2. Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
3. Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
4. Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
5. Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
6. Manten putri mijiki sukunipun.
7. Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
8. B. Adicara kacar-kucur:
1) Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu kiwa tengen ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2) Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3) Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4) Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5) Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6) Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7) Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
Wigatinging rembag
1. Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
2. Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:
1) ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak tigan, nembe wijikan. Mlebetipun penganten dipun kemuli sindur Ibunipun
2) Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3 lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.
3) Upacara kacar-kucur,:
1. Yogya: boten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
2. Yogya, ingkang dhahar namung manten putri. Yen Solo kembul dhahar
3. Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur
Makaten sawantawis gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun
Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
1. Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
2. Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN = putra dalem Kakung,
PANANTUNAN = putra dalem PUTRI
Macul tumpeng = Putrine luwih tuwa
medot lawe = tasih misan
Ancik-ancik pipisan = sepupu ( sak Eyang )
Nyecek mawa ( bugel) = yen kakunge wis tau krama
Santren, 3 April 2008
R.Suwardanidjaja
BAB UPACARA SANES SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH MANTEN
Upacara Maten
Upacara Maten, ingkang kedadosanipun sambung-sinambung kados ingkang sampun nate kula aturaken antawisipun bab: ¬ Nontoni,¬ Lamaran, lan asok tukon,¬ Siraman lan Nyantri sarta Midodareni.¬ Ijab,¬ Upacara panggih
Kejawi punika ugi wonten upacara ingkang LANGKAHAN, kang dados tetimbangan inggih punika:
1. Yen Nglangkahi : kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
2. Yen Putra bajeng : kasebat Upacara bubak kawah ( dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub, lan saderengipun upacara kacar-kucur )
3. Yen Putra Wuragil : kasebat Upacaara tumplak Punjen ( diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna_
Dene yen ngemuti jaman semanten, upacara panggih dipun bedakaken yen kawontenanipun putra-putra penganten kados antawisipun:
Upacara panggih yen Prawan kaliyan Jaka ingkang mastani tigas kawuryan, dene yen putra manten putri mbajeng dipurwakani Tiyang sepuh ngunjuk rujag degan. Dipun wastani “BUBAK KAWAH”. Ingkang sampun nate kula aturaken. Ingkang werdinipun Upacara punika mbok menawi punika mendhet saking berkahipun Kyai Ageng Pemanahan nalika angsal gaibing Pangeran yen badhe nurunaken dat ratu kang pinunjul, karana ngunjuk deganipun ki Giring, Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh sami ngunjuk toya degan ugi putra penganten, pamrihipun ing bejang putranipun saged gadhah turun ingkang luhur utawi dados priyagung, ingkang gesangipun boten kekirang (ingkang umum sami mestani ngunjuk rujak degan)
Upacara panggih Prawan asal jaka lan tasih naning tasih sederek piyambak, dene manut silsilah kang estri langkung sepuh, upacaranipun ingkang kakung saratipun inggih punika macul tumpeng kanthi mancik sak nginggiling pipisan, tumuli kalajengaken nrajang lawe wenang.. lajeng nembe dipun adani upacara panggih. Nanging yen kakungipun langkung sepuh, manten nrajang lawe wenang, mboten ngangge macul tumpeng
Upacara Prawan kaliyan Dhudha kembang. Dene pangrakiting upacara inggi punika ; saderengipun upacara panggih dipun acarani manten putri nyiram bugel ( tumper) ngagem toya wonten ngajeng tarub, dados saderengipun upacara panggih. Werdinipun, manten putri arsa nampi lan adhe memper, nyirep punapa ingkang sampun nate dipun lampahi dening manten kakung duk semanten, inggih klebet kekajengan, kareman utawi watakipun
Upacara Randha kembang kaliyan Jaka, dene upacaranipun sami, namung ingkang nyiram toya ingkang kakung
Cekaking rembag: Upacara panggih jatosipun mengku werdi ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun jaler lan estri, ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga tepalih, kanthi paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami ngepyakaken anggipun badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya murik ing tembe brayat sami manggih rahayu nir ing sambe kala. Kanthi makaten murih lancaripun upacara layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki lahiripun tata upacara panggih
Mila nuwun sewu yen badhe damel ada-ada piyambak inggih mangga, nanging ingkang jangkep, tegesipun runtut. Nuwun sewu upami ngagem busana model muslim inggih mangga, nanging yen dipun tata upacara sampun ngagem upacara Jawi inggih gagrak Solo utawi Ngayogja. Nuwun sewu kula mastani punika nama ngrisak kabudayan ingkang adi luhung.

RA. KARTINI

Legenda jepara

Nalikaning RA.Kartini lair, Ramane isih dadi Wedono Mayong, ibune klairan saka desa Teluk Awur yaiku Mas Ajeng Ngasirah kang statuse Garwo Ampil. RMAA. Sosroningrat, ramane RA Kartini kawin nalika taun 1872 lan RA Kartini lair nalika taun 1879. Dheweke anak nomer lima saka RMAA Sosroningrat lan urutan kang kaping papat saka ibu kandung Mas Ajeng Ngasirah. Simbahe RA Kartini saka ibune yaiku salah sijine ulama gedhe nalika jaman semana, kang asmane Kyai Haji Madirono lan Hajah Siti Aminah.

Bojo kang nomer loro saka Ramane kang nduweni status garwo padmi yaiku anak bangsawan kang dinikahi nalika taun 1875 keturunan langsung saka bangsawan agung Madura yaiku Raden Ajeng Woeryan anak saka RAA Tjitrowikromo kang nduweni jabatan dadi Bupati Jepara sadurunge RMAA Sosroningrat. Perkawinan saka bojo loro – lorone mau nglairake keturunan kang cacahe ana 11 (sewelas) putra.
Hawa seger kang sapisanan dirasakake dening RA Kartini yaiku ing desa Mayong,22 km sadurunge mlebu jantung kutha Jepara. Neng desa Mayong mau RA Kartini dilairake dening ibu saka kalangan rakyat biasa kang didadekake garwo ampil dening Wedono Mayong RMAA Sosroningrat. Anak kang lair yaiku nduweni tetenger kayata; mripate bunder blalak – blalak suminar manjerake cahyo kang padhang, kaya – kaya ngadhep masa depan kang kebak tantangan. Dina tansah lumaku, RA Kartini gedhe ana ing tengahing ketentreman lan kesarasan, dheweke kepengin polah, mlayu mrana – mrene ora ana kang nglarang. Kang gawe atine seneng yo dilakokake. Amerga kebebasan lan kegesitane kuwi mau dheweke dijenengake “TRINIL “ dening ramane. Banjur taun 1880 lair RA Roekmini saka garwo padmi. Nalika taun 1881 RMAA Sosroningrat diangkat dadi Bupati Jepara lan dheweke sakeluarga pindah omah ana ing Rumah Dinas Kabupaten neng Jepara. Ing taun kang padha adhine lair, dijenengake RA Kardinah. Si Trinil seneng banget amerga saiki ana kancane dolanan. Lingkungan Pendopo Kabupaten kang amba tur megah kuwi tansaya menehi kasempatan tumrap kebebasan lan kegesitane saben – saben polahe RA Kartini.
Sipat kang sarwa pengin weruh tumrap apa wae dening RA Kartini kuwi kang ndadekake wong tuwane saya nggatekake perkembangan jiwane. Pancen kawit cilik RA Kartini kuwi bocah kang paling cerdas lan kebak inisiatif dibandingake karo sedulure wadon liyane. Jalaran sipat kepemimpinan RA Kartini kang apik, sahingga ora tau ana perselisihan ing antarane dheweke. Wong telu kuwi mau, yaiku RA Kartini, RA Roekmini lan RA Kardinah diarani “TIGA SERANGKAI” sanajan RA Kartini rada diistimewakake saka liyane.
Nalika RA Kartini mulai sekolah ing “Europese Lagere School” dheweke seneng banget amerga sipat kang diduweni lan kepinterane kang luwih kuwi mau ndadekake yen dheweke cepet lan gampang disenengi dening kanca – kancane. Klawan kecerdasan otake kanti gampang bisa nyaingi anak – anak Belanda. Ing basa Belanda uga RA Kartini bisa diandalake. Nalika preinan kang sepisanan nyedaki unggah – unggahan kelas, Ny.Ovink Soer lan bojone ngajak RA Kartini uga adhi – adhine, Roekmini lan Kardinah mlaku – mlaku ing pante Bandengan, kira – kira 7 km saklore kutha Jepara, yaiku salah sijine pante kang endah klawan wedhi putih kang sarwa nengsemake, tumrap kang digambarake lewat surat – surate marang kanca – kancane yaiku Stella ing Negara Belanda. Kartini lan adhi – adhine ngetutake Ny.Ovink nggolek karang karo playon entho – enthonan ngadohi ombak, RA Kartini takon marang Ny.Ovink apa jenenge pante kuwi mau, banjur dijawab singkat dening Ny.Ovink yen pante kuwi mau jenenge Pante Bandengan. Banjur Soer kandha yen neng Holland uga ana salah sijine pante kang meh padha karo pante Bandengan, jenenge “Klein Scheveningen”. Ora njarak RA Kartini nyela…..”Yen ngono, jenenge pante Bandengan iki dijenengi kanti aran Klein Scheveningen wae”. Ana ing pante kuwi RA Kartini lan Mr Abendanon nganakake rembugan “empat mata” kang ana kaitane karo panjaluke supaya diijinake sekolah neng negeri Belanda, sanajan akhire secara resmi panjaluke marang pemerintah Hindia Belanda ditarik maneh lan biaya kang wus dicawisake kanggo RA Kartini diwenehake dening salah sijine pemuda saka Sumatera, yaiku Agus Salim (KH.Agus Salim).
Pirang – pirang taun sawuse ngrampungake pendhidhikan ing Europese Lagere School, RA Kartini nduweni kekarepan kepengin nutukake pendidikan ing tingkatan kang luwih dhuwur, nanging ananing rasa mamang, ragu ing atine RA Kartini amerga ananing peraturan adat kanggone kaum ningrat yen wanita kaya dheweke kudu nglakoni pingitan.
Pencen wus wayahe RA Kartini nglakoni mangsa pingitan amerga umure wus 12 taun luwih. Kabeh mau kanggo keprihatinan lan kapatuhan marang tradisi dheweke, kudu pisah saka kahanan njaba lan kakurung dening tembok Kaputren.. Ruang pingitan kang digunakake mingit RA Kartini yaiku kamar kang ukurane 3x4 meter. Artine di pingit yaiku mbatesi ruang gerak salah sijine anak wadon kang ngidak dewasa, kanti ora dientuki metu saka ngomah kanti tujuan ngenteni lamaran saka wong kang ora dikenal dening dheweke mau. RA Kartini dipingit klawan wates ngarep ana rono lan mburi ana tembok kang dhuwur banget lan dijaga dening para punggawa.
Kanti semangat lan ora kenal putus asa RA Kartini nambah kawruhane tanpa sekolah amerga dheweke sadar yen karo ngalamun lan nangis ora bakal ana asile, “Kapan aku bisa pinter?”. Banjur siji – sijine dalan kanggo ngentekake wektu yaiku kudu tekun, tlaten maca buku apa wae kang diduweni saka kakange lan ramane.
Dheweke uga tau ngajukake lamaran kanggo sekolah klawan beasiswa neng Belandha lan diijinake dening Pemerintah Hindia Belanda, nanging klawan akehe pertimbangan banjur beasiswa mau diserahake dening bocah liyane kang akhire jenenge dadi kasuwur yaiku H. Agus Salim.
Sanajan Kartini ora duwe kesempatan nutukake sekolah, nanging Kartini rampung nuntun remaja putri priyayi, bumi putra ning serambi Pendopo mburi Kabupaten. Nalika semana wis dikenalake istilah Kriya ing pelajarane. RA. Kartini wus ngrampungake lukisan karo cat minyak nanging murid-murid sekolah isih nggarap, garapane tangane dhewe-dhewe, ana sing njahit lan ana sing nggawe pola utawa wujud-wujud dasar nggawe sandhangan
Ananing Bupati RMAA Sosroningrat lan Raden Ayu lagi nrima tamu yaiku utusan kang nggawa surat lamaran saka Bupati Rembang Adhipati Joyodiningrat kang wus dikenal dadi Bupati kang nduweni pandangan maju lan modern. Tanggal 12 Nopember 1903 RA. Kartini banjur nglangsungake pernikahane karo Bupati Rembang kuwi mau kanti sederhana apa anane.***
Nalika kandungane RA Kartini wus umur 7 sasi, RA Kartini rumangsa kangen kang banget jerone dening ibune uga kutha kelairane yaiku kutha Jepara kang nduweni kenangan selawase urip awit lair nganti arep nduwe bojo. Bojone uga wis nyoba nglipur atine supaya seneng klawan swara-swara gamelan lan tembang-tembang kang dadi kasenengane nanging kabeh mau gawe dheweke lesu.
Nalika tanggal 13 September 1904 RA Kartini nglairake bayi lanang kang dijenengake Singgih/ RM Soesalit. Nanging kahanane RA Kartini tansah payah, ora nduweni daya maneh sanajan wis nglakoni perawatan khusus, sahingga akhire nalika tanggal 17 September 1904 RA Kartini unjal ambegan kang terakhir nalika umure 25 taun.***

SILSILAH KELUARGA RA KARTINI

Prabu Brawijaya (Raja Majapahit)
Lembu Niryoso (Panembahan Bromo)
Menak Simbar (Adipati Puger)
Menak Simende (Adipati Blambangan)
Menak Gendru (Adipati Babadan)
Menak Werdati Lumajang Tengah (Adipati Toposono)
Menak Lumpat Blambangan (Sinuhun Rebut Payung)
Menak Kedawung Blambangan (Sinuhun Wawalangan)
Lanang Dengiran (Kyai Brondong)
Pangeran Onggowijoyo
Tumenggung Tjondronegoro I (Bupati Surabaya)
Adipati Ario Tjondronegoro II (Bupati Pati)
Adipati Ario Tjondronegoro III (Bupati Kudus)
Pangeran Ario Tjondronegoro IV (Bupati Demak)
Garwo Padmi RA Woeryan → RMAA Sosroningrat (Bupati Jepara) ← Garwo Ampil MA Ngasirah


Garwo Padmi dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
1. RA Sulastri Tjokrohadisosro Selasa Kliwon, 9 Januari 1877
2. RA Roekmini Santoso Ahad Paing, 4 Juli 1880
3. RA Kartinah Dirjoprawiro Ahad Legi, 3 Juni 1883
Garwo Ampil dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
1. RM Slamet Sosroningrat Ahad Legi, 15 Juni 1873
2. Pangeran Ario Sosrobusono Senin Legi, 11 Mei 1877
3. RM Panji Sosrokatono Rabu Paing, 10 April 1878
4. RA Kartini Djoyogadiningrat Senin Paing, 21 April 1879
5. RA Kardinah Reksonegoro Selasa Paing, 1 Maret 1881
6. RM Sosromulyono Ahad Wage, 26 Desember 1885
7. RA Sumantri Sosrohadikusumo Ahad Wage, 11 Maret 1888

LEGENDA CEMPAKA WULUNG

LEGENDA CEMPAKA WULUNG

Ing babad Pekalongan, Dewi Rantamsari yaiku anake salah siji demang ing kademangan Kalisalak. Kang critane Raden Joko Bahu diprentah utawa diutus dening Sri Sultan Agung Hanyokro Kusuma nglamar Dewi Rantamsari. Nalika R. Joko Bahu teka ing Kalisalak, Dewi Rantamsari banjur kepincut karo pawakan enom utusan saka mataram kuwi. Kabukten saka polahe kang kaya wong ketemu ksatriya.


Bareng wis kenal karo Demang Kalisalak, Nyai demang lan Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu njlentrehake yen dheweke lagi entuk titah saka sang Sultan. Yen ing kademangan Kalisalak ana kembang kang lagi mekar lan wangi, ambune tekan Mataram. Sri Sultan kepengin nggarwa kembang kuwi.

Krungu kaya kuwi, Sang Demang ngrasa bungah. Sanajan mung anak demang, nanging wis ana tanda kamulyaan amarga arep dirabi dening Sri Sultan.
Krungu jawaban kuwi, banjur R. Joko Bahu langsung takon kang nduweni maksud mboyong Dewi Rantamsari menyang Mataram kanggo disunting Sri Sultan. Banjur dijawab langsung dening Dewi Rantamsari, “sapa wae wonge, ora sugih, ora mlarat, raja utawa prajurit, kang bisa njupuk kembang Cempaka ing taman Kalisalak, wong kuwi sing arep dadi bojoku.” Ora mikir dhisik, mung eling karo titahe Sri Sultan sing kudu klakon, banjur R. Joko Bahu nyanggupi. Akhire karo disekseni kabeh wong sing ning kana, R. Joko Bahu tunuju menyang taman Kalisalak. Satekane ing taman, R. Joko Bahu bingung amarga ora weruh wit Cempaka kang lagi kembang. Banjur takon karo Dewi Rntamsari ning ngendi manggone kembang kuwi. Dewi Rantamsari banjur nudhuhke yen kembang Cempaka sing arep dipek kuwi ana ing sanggule sang Dewi. Dewi Rantamsari ngijinake R. Joko Bahu njupuk kembang kuwi. Karo bingung, banjur R. JokoBahu njupuk kembang sing ana ing sanggule sang Dewi kanthi tangan kang nrdedheg. Bubar kedadeyan kuwi, banjur sang Dewi sujud ing sikile R. Joko Bahu. Nanging R Jaka Bahu ngira yen Dewi Rantamsari lemes, ora duwe tenaga. Banjur Dewi Rantamsari dituntun ngadeg maneh. Nanging sang Dewi isih katon sumingrah.
Amarga R. Joko Bahu kang njupuk kembang Cempaka ing taman Kalisalak, banjur wis sepantese yen R. Joko Bahu dadi bojone Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu meneng sakwetara, ambegane seseg, pikirane werna-werna kelingan titahe Sri Sultan yen wis ana asile kudu cepet bali menyang Mataram. Nanging nyatane R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari sing menangake sayembara kuwi. Kanthi kikuk karo watuk-watuk cilik, wong loro kuwi njawab yen siap ngadepi kanyatan kuwi. Nanging kepriye karo titahe sang Sultan. Weruh wong loro kang wis kaiket tresna, Demang aweh dalan supaya kabeh bisa mlaku kanthi lancar. dijelasake yen ing jejere kademangan iki ana anak mas kang rupane mirip banget karo Dewi Rantamsari jenenge Randinem anake bakul srabi. Demang ngutus nemoni Radinem ing Kaligeluk. Bubar R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari , R. Joko Bahu sak rombongan pamitan karo Ki Demang arep nemoni Randinem ing Kaligeluk, kang sadurunge wis pesen mengko yen anake kang dikandut Dewi Rantamsari lair, supaya diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto yen lanang, nanging yen wadon sakarepe arep dijenengi sapa. Banjur R. Joko Bahu Purnakawan Hedho lan Gati budhal meyang Kaligeluk.
Akhire Dewi Rantamsari ditinggal bojone kang lagi ngemban tugas saka kraton, ora let suwe sang Dewi nglairake bayi lanang kang bagus rupane. Banjur diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto. Putrane dimong kanthi apik, tingkah lakune persis kaya bapake. ndelengake putrane kang sempurna, Dewi Rantamsari kepengin anake yen suk gedhe bisa migunani tumprap bangsa lan negarane. Senajan isih pelo ngomonge, nanging bocah kuwi banget pintere. Ibune nganti bingung nalika ditakoni R. Kuncung Darmanto, “ngapa kanca-kancane karo wong tuwa lanang ana sing diundang bapak.” Banjur Dewi Rantamsari njelasake yen bapake kuwi putra Mataram, lair saka ibu sing jenenge Dewi Cempaka Wulan, bojone Ki Gedhe Kesesi sing jenenge Den Mas Agung. Kang seda amarga kena eri baya putih, ing wektu kuwi Dewi Cempaka Wulan lagi meteng banjur nglairake putrane sing jenenge R. Joko Bahu ing kerajaan Mataram. Banjur dening Ki Gedhe Cempluk lan Ki Gedhe Cepeluk dititipake karo lurah Kesesi Bandung kang kawentar kanthi jeneng lurah buntal amarga ing ilate ana warna ireng. Dimong tekan gedhe banjur akhire nakonake ibu karo bapak kang sebenere. Dijelasake dening lurah buntal kasebut, yen ibune kuwi permaesuri saka Sultan Agung Hanyokro Kusuma, nanging ora dijelasake yen bapake kang sebenere kuwi Raden Mas Agung sing terkenal kanthi jeneng Ki Gedhe Kesesi kuwi putra saka Sultan Sayidin Panoto Gama utawa Panembahan Senopati.

Mitos Masyarakat

MITOS BAHUREKSO ( ASAL - USUL KABUPATEN PEKALONGAN )”

Miturut cerita rakyat ing jaman biyen ing desa Kesesi wonten tiyang ingkang sekti mandra guna ingkang nggadahi asma Ki Ageng Cempaluk, ingkang nggadahi putra Raden Bahu. Raden Bahu awit cilik sampun ketingal kepinteranipun amargi ramanipun tiyang ingkang sakti.
Raden Bahu kedah dipungembleng kalian ajaran-ajaran ingkang bener lan kedah dipunbimbing kangge eling lan nyedakake piyambakipun dhateng Sang Gusti Allah saking ramanipun, ingkang nggadahi maksud menawi sampun gedhe R. Bahu dados putra ingkang nggadahi watak ingkang luhur lan hormat kalian keluarganipun. Ki Ageng Cempaluk ngengken R. Bahu kangge ngabdi dhateng Mataram, lajeng ngendhika Ki Ageng Cempaluk maring R. Bahu.

Ki Ageng : “ He anaku, kowe iki wis gedhe, dados ngabdiya kowe dhateng Mataram, krana menawa urip amung ajeg ing desa, mangka mangka bakal ajeg ngelmumu tanpa enthuk ngelmu kang ingkang linuwih.
Nanging Rama ugi pesen, menawa R. Bahu sampun kasil aja sombong, kedah nyedakake piyambakipun maring Allah supados kedah kaparingan dalan ingkang bener.
R. Bahu : “ Pandonganipun Rama kedah kula suwun, lan mugi - mugi kula saged dipuntampi wonten ing Mataram.
R. Bahu nyuwun pamit kangge pangkat dhateng Mataram. Ing Mataram wekdal menika taksih wonten pasewakan. Patih lan para menteri sedaya ngadhep dhateng Sultan Agung kangge bahas pendamelan bendungan Kali Sombong ingkang boten rampung - rampung, ananging sampun gunakaken biaya ingkang kathah lan korbanipun ugi sampun kathah. Lajeng R. Bahu dumugi wonten bendungan kangge ngadhep Sultan Agung; beliau ngendhika: “ kula R. Bahu putra saking Ki Ageng Cempaluk kepingin ngabdi ing Mataram “. Krana Ki Agung Cempaluk menika rencangipun, dados Sultan Agung purun nampi R. Bahu nanging kedah ngangge syarat bilih R. Bahu kedah saged ndamel bendungan Kali Sombong wau. Raden Bahu purun nampi syarat menika. Saking Sang Raja R. Bahu kalian sedaya prajurit sak cukupe, lajeng pangkatlah R. Bahu ing Kali Sombong.
Sasampunipun ngantos Kali Sombong, ing ngriku kedadosan banjir bandhang kamangka boten jawoh. Lajeng R. Bahu nglakokake tapa, lan nyuwun pitulung dhateng Gusti Allah. Boten dangu lajeng piyambakipun dipungodha dening Raja Ula ingkang ageng sanget lan badhe nyerang R. Bahu. Raden Bahu langsung minggir. Lajeng dados perang ingkang hebat wau antaranipun Raja Ula kalian Raden Bahu. Kekalihipun sami sakti. Peperangan langkung dangu nanging Raja Ula saged dipuntaklukaken. Raja Ula kalah lan nyuwun dipunampuni lan boten dipunmateni, lajeng R. Bahu ngendhika:
Raden Bahu: “ He Raja Ula, kowe tak ampuni lan ora tak pateni, nanging kowe kedah ngrewangi aku gawe bendhungan Kali Sombong iki “.
Raja Ula: “ Duh gusti ingkang nggadhahi manah ingkang luhur, kula janji kedah biyantu ngrampungake bendungan menika kanti wekdal ingkang boten dangu”.
Boten dangu lajeng ewuan Ula medhal saking sarangipun kangge biyantu ngrampungake bendungan Kali Sombong wau. Boten dangu bendungan wau dados kalian dipunbiyantu Raja Ula lan para prajurit.
Raden Bahu kalian sedaya prajurit nyuwun pamit badhe wangsul wonten Mataram kangge nglapor dhateng sang baginda Sultan Agung. Sultan Agung lega manahipun, amargi bendungan wau saged dipunrampungaken dhateng R. bahu, lajeng Sultan Agung ngendhika: “ tugasmu sampun kok rampungake nganti sae, nanging taksih wonten tugas ingkang linuwih abot ingkang kedah mbok laksanaken, yaiku pundhut putri ingkang wonten ing desa Kali Salak ingkang bakal tak dadikake garwa. Raden Bahu sanggup lan lajeng nyuwun pamit badhe pangkat ing desa Kali salak.
Kanti perintah Sultan Agung mangka R. Bahu langsung methuk putri wau ingkang nami Rantamsari, ananging piyambakipun boten purun dipunsunting dening Sultan Agung. Rantamsari ngendhika: “ Duh Raden, kula boten purun menawi dipunsunting Sang Baginda Raja, luwih seneng kula dados garwanipun Raden Bahu”.
Tatapan netranipun putri saking desa wau ingkang suci kedah ngisi wonten manahipun lajeng kekalihipun manungsa wau ingkang benten jinisipun wau sami padha remen. Raden Bahu boten tentrem manahipun amargi Rantamsari badhe dipunpundhut garwa dening Sultan Agung. Lajeng Rantamsari ngendhika: “ yen ing desa Kali Beluk wonten satunggaling putri ingkang ayu sanget ngluwihi piyambakipun ingkang jeneng Endang wuranti, ibunipun sadean Serabi, menawi purun punapa piyambakipun ingkang dipunpersembahaken dhateng Sri baginda”.
Raden Bahu pangkat maring desa Kali Beluk, ngantos mriku R. bahu ngadhep Endang wuranti. Raden Bahu ngendhika yen piyambakipun badhe dipunpundhut Sri baginda kangge dipunsunting Sri baginda. Endang wuranti purun dipunsunting Sri baginda. Endang wuranti purun dipunpundhut maring Mataram. Sasampunipun dumugi Mataram Raden Bahu ngadhep Sri baginda, beliau nglaporaken yen piyambakipun sampun berhasil munhut putri Kali Salak maring Keraton.
Nanging sasampunipun ing Mataram lan dipunparingi pitakenan dening Sultan agung putri wau boten saged mangsuli. Piyambakipun lajeng sadar bilih piyambakipun sampun dipunbohongi dening R. Bahu, Sri baginda kaget lan sadar, piyambakipun jengkel kalian Raden Bahu amargi R. Bahu sampun ngapusi Sri baginda lajeng Sri baginda mikir badhe balas dendam kanti cara ingkang alus.
Raden Bahu dipuntimbali lan dipunparingi tugas kangge mbikak wana Gambiran, tugas wau nggadahi tujuan supados R. Bahu seda dipunpangan kewan-kewan liar. Ing sawijining wengi, sasampunipun sedaya prajurit sami tilem, R. Bahu taksih mikir kados pundi caranipun mbikak wana wau. Lajeng piyambakipun kerawuhan Ramanipun, beliau ngendhika: “ Hei anaku, kowe arep nglaksanakaken tugas ingkang luhur, mbikak wana Gambiran sanes tugas ingkang gampang. Perintah punika dados tanda yen Sang Raja menika percaya karo kowe, dados kowe kedah bener-bener ngrampungaken, yen ora klakon aku dhewe melu kewirangan “. Beliau ugi pesen supados R. Bahu nglakokaken tapa. Kalian dipunkancani sang Rama, Raden Bahu nglakokake tapa ing ngndhapipun wit gorda.
Sanadyan dipunganggu dening makhluk - makhluk ingkang ala kayata Raja siluman ing wana. Piyambakipun boten gerak. Raja siluman percaya sanget yen pedang pusakanipun piyambakipun sampun leres nancep lambung R. Bahu, nanging wonten kedadean aneh, Raden Bahu boten dhawah saking tapa lan pedang wau ingkang dhawah, lan Raja siluman wau sami dhawah.
Sasampunipun angsal pertanda ( Wisik ) saking Sang Gusti, raja siluman ingkang kalah menika nunjukaken menawi wana Gambiran menika bakal saged dipun bikak, ningali Raja Siluman wau ngrintih lara, lajeng R. Bahu ngrampungaken tapanipun. Raja siluman dipunbebasaken kedah ngangge syarat, supados piyambakipun purun biyantu kangge mbikak wana wau. Mangka mbikaklah wana wau lan dipunparingi nami “ PEKALONGAN “.

Layang Pribadi


Layang ibu marang putrane Klaten, 10 Mei 2009
Pandongaku marang
anakku Prambudi
Ing Ngayogyakarta
Wiyose Angger, Ibu lan bapak tansah ginanjar wilujeng, pandongaku muga anakku ing kene uga tansah sehat bagas waras lan uga keslametan.
Sarehne wis libur sawetara wektu kowe ora enggal tilik ngomah, kamangka rong minggu maneh kowe libur, mula iku bapak lan adhi-adhimu  ngarep-arep anggonmu bali, lan besuk sawise kowe bali banjur sowan menyang daleme eyang sebab Bapak, Ibu lan adhi-adhimu uga wis padha kangen karo eyang. Kajaba iku, ibu lan bapak paring kiriman dhuwit marang kowe, lantaran rekening tabunganmu. Bisa kanggo nambahi nyukupi sakabehe kabutuhanmu ing paran. Piwelinge bapak lan ibu tansaha ngati-ati lan aja sembrana. Aja lali tansah manembah marang Gusti kang Maha kuwasa supaya diparingi lancar anggonmu ngangsu kawruh.
Wasana Bapak lan Ibu tansah angrerantu tekamu. Dene menawa longgar wektumu, bapak lan ibu mundhut supaya kowe kirim layang ing ngomah sadurunge bali kanggo ngabari bapak lan ibu ing kene, wis angger andum slamet.
Ibumu
ttd
Marmi Sundari

Serat Prajanjen

Sleman, 15 Februari 2008
SERAT PRAJANJEN
Ingkang tapak asma ing ngandhap menika:
Nama          : Suwardiman
Padamelan  : Guru SMA Taruna Maju.
Pidalem ing : Nyamplung Kidul,Ambar Ketawang Gamping
Minangka pihak I
Damel prajanjen kaliyan:
Nama          : Ibu Esawanti
Padamelan  : Karyawan swasta
Pidalem ing : Donoharjo, Ngaglik, Sleman
Minangka pihak II
Pihak I kaliyan pihak II ngawontenaken prajanjen. Wondene isinipun prajanjen inggih menika:
  1. Nalika tanggal 14-2-2008 pihak I nabrak pihak II ing jalan Kaliurang ingkang nyebabaken pihak II nandhang sakit saha kedah mondhok ing griya sakit Sarjito. Pihak I sagah nanggel sedaya beya perawatanipun pihak II.
  2. Dene caranipun mbayar: pihak II mbayar rumiyin dhateng griya sakit Sarjito, lan samangke badhe dipun-gantos beyanipun dening pihak I.
  3. Menawi wonten prekawis ingkang dumados sedangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan.
Kula,
Pihak II                                                                                                         Pihak I
Ibu Esawanti                                                                                                Suwardiman
Seksi
Seksi 1                                                                                                          Seksi 2
Drs Susilo D                                                                                                Ayu Wardani, S.Pd