Senin, 31 Januari 2011

LEGENDA CEMPAKA WULUNG

LEGENDA CEMPAKA WULUNG

Ing babad Pekalongan, Dewi Rantamsari yaiku anake salah siji demang ing kademangan Kalisalak. Kang critane Raden Joko Bahu diprentah utawa diutus dening Sri Sultan Agung Hanyokro Kusuma nglamar Dewi Rantamsari. Nalika R. Joko Bahu teka ing Kalisalak, Dewi Rantamsari banjur kepincut karo pawakan enom utusan saka mataram kuwi. Kabukten saka polahe kang kaya wong ketemu ksatriya.


Bareng wis kenal karo Demang Kalisalak, Nyai demang lan Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu njlentrehake yen dheweke lagi entuk titah saka sang Sultan. Yen ing kademangan Kalisalak ana kembang kang lagi mekar lan wangi, ambune tekan Mataram. Sri Sultan kepengin nggarwa kembang kuwi.

Krungu kaya kuwi, Sang Demang ngrasa bungah. Sanajan mung anak demang, nanging wis ana tanda kamulyaan amarga arep dirabi dening Sri Sultan.
Krungu jawaban kuwi, banjur R. Joko Bahu langsung takon kang nduweni maksud mboyong Dewi Rantamsari menyang Mataram kanggo disunting Sri Sultan. Banjur dijawab langsung dening Dewi Rantamsari, “sapa wae wonge, ora sugih, ora mlarat, raja utawa prajurit, kang bisa njupuk kembang Cempaka ing taman Kalisalak, wong kuwi sing arep dadi bojoku.” Ora mikir dhisik, mung eling karo titahe Sri Sultan sing kudu klakon, banjur R. Joko Bahu nyanggupi. Akhire karo disekseni kabeh wong sing ning kana, R. Joko Bahu tunuju menyang taman Kalisalak. Satekane ing taman, R. Joko Bahu bingung amarga ora weruh wit Cempaka kang lagi kembang. Banjur takon karo Dewi Rntamsari ning ngendi manggone kembang kuwi. Dewi Rantamsari banjur nudhuhke yen kembang Cempaka sing arep dipek kuwi ana ing sanggule sang Dewi. Dewi Rantamsari ngijinake R. Joko Bahu njupuk kembang kuwi. Karo bingung, banjur R. JokoBahu njupuk kembang sing ana ing sanggule sang Dewi kanthi tangan kang nrdedheg. Bubar kedadeyan kuwi, banjur sang Dewi sujud ing sikile R. Joko Bahu. Nanging R Jaka Bahu ngira yen Dewi Rantamsari lemes, ora duwe tenaga. Banjur Dewi Rantamsari dituntun ngadeg maneh. Nanging sang Dewi isih katon sumingrah.
Amarga R. Joko Bahu kang njupuk kembang Cempaka ing taman Kalisalak, banjur wis sepantese yen R. Joko Bahu dadi bojone Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu meneng sakwetara, ambegane seseg, pikirane werna-werna kelingan titahe Sri Sultan yen wis ana asile kudu cepet bali menyang Mataram. Nanging nyatane R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari sing menangake sayembara kuwi. Kanthi kikuk karo watuk-watuk cilik, wong loro kuwi njawab yen siap ngadepi kanyatan kuwi. Nanging kepriye karo titahe sang Sultan. Weruh wong loro kang wis kaiket tresna, Demang aweh dalan supaya kabeh bisa mlaku kanthi lancar. dijelasake yen ing jejere kademangan iki ana anak mas kang rupane mirip banget karo Dewi Rantamsari jenenge Randinem anake bakul srabi. Demang ngutus nemoni Radinem ing Kaligeluk. Bubar R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari , R. Joko Bahu sak rombongan pamitan karo Ki Demang arep nemoni Randinem ing Kaligeluk, kang sadurunge wis pesen mengko yen anake kang dikandut Dewi Rantamsari lair, supaya diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto yen lanang, nanging yen wadon sakarepe arep dijenengi sapa. Banjur R. Joko Bahu Purnakawan Hedho lan Gati budhal meyang Kaligeluk.
Akhire Dewi Rantamsari ditinggal bojone kang lagi ngemban tugas saka kraton, ora let suwe sang Dewi nglairake bayi lanang kang bagus rupane. Banjur diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto. Putrane dimong kanthi apik, tingkah lakune persis kaya bapake. ndelengake putrane kang sempurna, Dewi Rantamsari kepengin anake yen suk gedhe bisa migunani tumprap bangsa lan negarane. Senajan isih pelo ngomonge, nanging bocah kuwi banget pintere. Ibune nganti bingung nalika ditakoni R. Kuncung Darmanto, “ngapa kanca-kancane karo wong tuwa lanang ana sing diundang bapak.” Banjur Dewi Rantamsari njelasake yen bapake kuwi putra Mataram, lair saka ibu sing jenenge Dewi Cempaka Wulan, bojone Ki Gedhe Kesesi sing jenenge Den Mas Agung. Kang seda amarga kena eri baya putih, ing wektu kuwi Dewi Cempaka Wulan lagi meteng banjur nglairake putrane sing jenenge R. Joko Bahu ing kerajaan Mataram. Banjur dening Ki Gedhe Cempluk lan Ki Gedhe Cepeluk dititipake karo lurah Kesesi Bandung kang kawentar kanthi jeneng lurah buntal amarga ing ilate ana warna ireng. Dimong tekan gedhe banjur akhire nakonake ibu karo bapak kang sebenere. Dijelasake dening lurah buntal kasebut, yen ibune kuwi permaesuri saka Sultan Agung Hanyokro Kusuma, nanging ora dijelasake yen bapake kang sebenere kuwi Raden Mas Agung sing terkenal kanthi jeneng Ki Gedhe Kesesi kuwi putra saka Sultan Sayidin Panoto Gama utawa Panembahan Senopati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar